Kamis, 19 Februari 2015

contoh pidhato bahasa jawa



Karesikan Pikiran

Assalamu’alaikum Wr Wb
Ingkang Kinurmatan Kepala SMPN 1 Cluring
Dhumateng bapak lan ibuguru ingkang satuhu kula bekteni
Dhumateng Ibu Ramini lan Bapak Misnan ingkang kinabekten
Serta rencang-rencang saha adhik-adhik ingkang kula tresnani
            Ingkang paling utami Monggo kita sareng-sareng njunjungake puja lan puji syukur marang Gusti Allah SWT amargi sampun maringi berkah kaliyan karunia, saengga kita sedaya saged makempal wonten acara seminar bab “Karesikan Pikiran” kanthi sehat walafiat.
Hadirin ingkang dipunberkati Allah
Kita sedaya umat sampun dipunparingi pikiran kaliyan kang maha kuwaos. Kita sedaya kedah njagi pikiran punika supados kita pinaringan  keberkahan  wonten ndonya kaliyan akhirat. Kados punapa tiang ingkang kagungan pikiran ingkang resik?
Rencang-rencang ingkang kula tresnani
Wonten kathah tiang-tiang ingkang kagungan pikiran ingkang resik. Antaranipun tiang kang mboten sombong, tiang kang mboten su’udzon, mboten srei, lan sifat-sifat sapinunggalane kang becik.
Rencang-rencang ingkang kula tresnani
Kula nggadah pangarep kita saged njagi pikiran kita supados kita pinaringan keberkahan wonten ndonya kaliyan akhirat.
Rencang-rencang ingkang kula tresnani
Kesimpulan kang kita angsal nggih punika kita kedah njagi pikiran tetep resik supados kita pinaringan keberkahan wonten ndonya kaliyan akhirat.
Hadirin ingkang kula bekteni
Mekaten igkang saged kula sampekaken bab karesikan pikiran. Ingkang agung pangapuntenipun menawi kula wonten salah pangucap. Matur nuwun sampun midangetaken. Wassalamu’alaikum Wr Wb

Tidak ada komentar:

Posting Komentar